Puisi Bahasa Jawa / Geguritan : Duh Gusti



Duh Gusti
Eunike Kristiningsih
Duh Gusti ......
Gusti ingkang murbahing dumadi
Gusti ingkang tansah welas asih
Gusti ingkang anyambangi manah

Duh Gusti ....
Sanandyan kula linuber dosa
Sanandyan kula tansah ndamel kuciwa
Ndamel mboten mrananing panggalih

Nanging Panjenengan tansah welas asih
Panjenengan tansah angayomi kula
Samudra pangaksami ingkang mboten nate telas

Duh Gusti ....
Nuwun nuwun matur nuwun
Sedaya katresnan panjenengan
Dumateng kita sakmenika lan selaminya


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Geguritan tema Budi Pekerti

Geguritan tema budi pekerti