Geguritan tema budi pekerti

Negara Mawa Tata

Ojo dumeh bisa catur
Catur tanpa eling pitutur
Ojo dumeh bisa matur
Matur tanpa rasa gawe akur

Catur iku kang pitutur
Matur kang bisa gawe akur
Eguh pakewuh unggah ungguh
Kang kudu tetep direngkuh

Negara mawa tata desa mawa cara
Tata negara kita iku kang utama
Jinunjung ruyung tanpa ujung
Kang gawe Indonesia pinayung

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Geguritan tema Budi Pekerti

Puisi Bahasa Jawa / Geguritan : Duh Gusti