Geguritan tema Budi Pekerti
Unggah ungguh
Jaman saiki kang wis modern
Kang di arani jaman globalisasi
Manungsa pada lali unggah ungguh
Lali tata krama lan lali sopan santun
Wong tuwa lungguh bocah pating dlajik
Pencilakan tanpa rasa ewuh pakewuh
Guru nerangke tanpa dirunggokake
Pitutur babar blas ora digubris
Kawula muda jaman saiki
Ayo pada elinga marang pitutur
Kita urip mung sak wetara
Ojo gawe pokal kang gawe dosa
Pitutur becik kudu dilakokake
Unggah - ungguh marang wong tua
Tata krama marang sak padha padha
Kanthi ati kang tumata becik
Jaman saiki kang wis modern
Kang di arani jaman globalisasi
Manungsa pada lali unggah ungguh
Lali tata krama lan lali sopan santun
Wong tuwa lungguh bocah pating dlajik
Pencilakan tanpa rasa ewuh pakewuh
Guru nerangke tanpa dirunggokake
Pitutur babar blas ora digubris
Kawula muda jaman saiki
Ayo pada elinga marang pitutur
Kita urip mung sak wetara
Ojo gawe pokal kang gawe dosa
Pitutur becik kudu dilakokake
Unggah - ungguh marang wong tua
Tata krama marang sak padha padha
Kanthi ati kang tumata becik
Komentar
Posting Komentar