Unggah ungguh Jaman saiki kang wis modern Kang di arani jaman globalisasi Manungsa pada lali unggah ungguh Lali tata krama lan lali sopan santun Wong tuwa lungguh bocah pating dlajik Pencilakan tanpa rasa ewuh pakewuh Guru nerangke tanpa dirunggokake Pitutur babar blas ora digubris Kawula muda jaman saiki Ayo pada elinga marang pitutur Kita urip mung sak wetara Ojo gawe pokal kang gawe dosa Pitutur becik kudu dilakokake Unggah - ungguh marang wong tua Tata krama marang sak padha padha Kanthi ati kang tumata becik
Negara Mawa Tata Ojo dumeh bisa catur Catur tanpa eling pitutur Ojo dumeh bisa matur Matur tanpa rasa gawe akur Catur iku kang pitutur Matur kang bisa gawe akur Eguh pakewuh unggah ungguh Kang kudu tetep direngkuh Negara mawa tata desa mawa cara Tata negara kita iku kang utama Jinunjung ruyung tanpa ujung Kang gawe Indonesia pinayung
Duh Gusti Eunike Kristiningsih Duh Gusti ...... Gusti ingkang murbahing dumadi Gusti ingkang tansah welas asih Gusti ingkang anyambangi manah Duh Gusti .... Sanandyan kula linuber dosa Sanandyan kula tansah ndamel kuciwa Ndamel mboten mrananing panggalih Nanging Panjenengan tansah welas asih Panjenengan tansah angayomi kula Samudra pangaksami ingkang mboten nate telas Duh Gusti .... Nuwun nuwun matur nuwun Sedaya katresnan panjenengan Dumateng kita sakmenika lan selaminya
Komentar
Posting Komentar