Geguritan tema Budi Pekerti
Unggah ungguh Jaman saiki kang wis modern Kang di arani jaman globalisasi Manungsa pada lali unggah ungguh Lali tata krama lan lali sopan santun Wong tuwa lungguh bocah pating dlajik Pencilakan tanpa rasa ewuh pakewuh Guru nerangke tanpa dirunggokake Pitutur babar blas ora digubris Kawula muda jaman saiki Ayo pada elinga marang pitutur Kita urip mung sak wetara Ojo gawe pokal kang gawe dosa Pitutur becik kudu dilakokake Unggah - ungguh marang wong tua Tata krama marang sak padha padha Kanthi ati kang tumata becik
Komentar
Posting Komentar